Wednesday, July 27, 2016

Fawaid Dari Mbah Fadhol Pamotan


Oleh - oleh waktu sowan Mbah Fadlol Pamotan

( senin 26 juli 2016 )

" Guruku Mbah Zubair Sarang ( ayahanda Syeh Maimun Zubair ) iku kiyai Tulen rino wengi isine mung ngaji tur ngajine yo kepenak, nek bar magrib sampai jam 9 bengi ngaji kitab Asybah wan nadloir terus ngaji kitab tafsif Baidlowi mulai jam 9 sampai jam 11 bengi nek aku koyok ngono yo wes dengke'en gegerku mulane aku dadi kiyai cilik lah "

" Mbah Fadlol Senori iku yo guruku , apal Alqur'an mung itungan sak wulan, mondok'e neng Mbah Hasyim Asy'ari kanti mongso sediluk tur yo di tes Mbah Hasyim lan lulus , boyong dadi ulama seng ora kepincut dunio tur iso ngarang kitab akeh ,

" Gus Sahal Mahfudz Kajen iku koncoku mondok no Sarang , wonge Alim tur dadi kiyai gede lan kondang tapi gak apal Alqur'an , nek aku dadi kiyai cilik lah tapi lak apal Alqur'an lan Alhamdulillah yo sak tafsire "

" Saben dino aku wajib ngatamno Alqur'an sepisan mergo wong apal Alqur'an iku abot sanggane tanggung jawabe yo gede , 5 dino gak nderes iku ae wes do amburadul apalane "

" wong apal Alqur'an kok kanggo golek duwit contone nek diundang kok grundel mergo sangune kurang kandel iku neroko ancamane koyok ngendikane Alqur'an

إِنَّ الَّذِينَ يَشْتَرُونَ بِعَهْدِ اللَّهِ وَأَيْمَانِهِمْ ثَمَنًا قَلِيلًا أُوْلَئِكَ لَا خَلَاقَ لَهُمْ فِي الْآخِرَةِ وَلَا يُكَلِّمُهُمْ اللَّهُ وَلَا يَنْظُرُ إِلَيْهِمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَلَا يُزَكِّيهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ

" aku ngaji tafsir Jalalain wes 56 tahun yo wes 56 khataman mulane apal tafsire "

" ngaji ihya' ulumuddin iku aturane ora oleh gowo pakaian seng apik-apik , nek iso gombal2 seng wes diguwak iku kumbah seng resik terus nggo ngaji "

" Kiyai Maimoen iku umure wes 90 tahun nek aku 79 tahun "

" Nek kuwe didalili Kiyai Maimun yo klepek-klepek nek aku yo wani mbales mergo podo kiyaine tur zaman enom yo ngumpul bareng neng pondok  "

" zaman umur 17 tahun aku pernah mati amergo ceblok ko wit klopo , waktu aku wes dilebokno liang kubur tur arep diuruk, aku urip maneh , Alhamdulillah terus digampangake mahami ilmu lan ngapalno Alqur'an lan sampai saiki aku gak tau loro / sakit "

" Kuwe kabeh iku adoh - adoh soko Pati pingin dolan ngomahku mugo-mugo kelebu ngendikane Rosululloh SAW

من زار عالما وحافظا من القرآن فقد زارنى فى حياتى

Sopo wonge dolan maring wong Alim lan wong seng apal Alqur'an podo ugo wonge dolan maring aku ( Rosululloh ) ingdalem  waktu gesangku "

" seng dimaksud wong alim iku seng ora kecampur pegawai negri , nek alim kok seneng kecampur pegawai negri mongko iku nggorohi ( berdusta ) maring Kanjeng Nabi lan wong-wong iku tergolong Maling "

" Elek-elek'e umate Kanjeng Nabi iku seng ora gelem nikah lan apik-apik'e umate kanjeng Nabi iku bojone 4 seng iso adil , nek aku bojo sijilah mergo adil iku abot sanggane "

" Iki omahe anakku seng lagi dibangun nek aku dewe gak pingin nduwe omah apik mergo apik- apik'e omah iki iseh apik omah sok mben "

" Nek sok aku dilebokno suwargo mugo-mugo wong seng ngaji karo aku , wong seng lungguh bareng karo aku iso tak geret mlebu bareng karo aku "

Semoga panjang umur

Amin
Sumber: Ust Moh Ilhamuddin Pati

1 comment:

  1. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    ReplyDelete